Guyonan Jowo – obat loro untu


Semongko Diracun

loro untu

loro untu

Bunali lagi pusing soale kebon semongkone ben bengi dijarahi wong, padahal lagi wayahe panen.
Wis diakali macem-macem sik pancet ae akeh sing ilang. Jarene wong sing nyolong iku Wonokairun, tapi Bunali gak wani nangkep.
Akhire Bunali nemokno cara cik malinge kapok.Sore-sore sak durunge mulih, Bunali masang papan peringatan sing onok
tulisane ngene,
“Awas !!! Ati-ati lek arep nyolong. Salah siji semongkoku iki wis tak suntik racun”
Mari ngitung semongkone sing mateng, kabeh onok limolas, Bunali mulih.
Sisuke Bunali nyambangi kebone maneh, pas di ijir semongkone sik pancet limolas.
“Wah tibake malinge gocik, tak bujuki ambek pengumuman ae wis wedhi ” pikire Bunali.
Mari ngono Bunali ndhelok papan pengumumane ambruk, wah paling ketiup angin, pikire Bunali maneh.
Pas diwalik, tibake papan pengumumane ditambahi tulisan ambek malinge, “Awas !!! saiki onok loro”.


Angon Wedhus

Bunali pethuk Mbah Wonokairun lagi angon wedhus.
“Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?” jare Bunali
“Yo lumayan ” jare si Mbah
“Pira kabehe, Mbah ?” takon Bunali maneh
“Sing putih opo sing ireng ?”
“Sing putih, wis”
“Selawe”‘
“Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'”
“Podho…” jare Wonokairun ambek ngarit suket
Bunali takon maneh.
“Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah..”
“Yo..”
“Pirang kilo mangane sakdino ?”
“Sing putih opo sing ireng ?”
‘Sing ireng, wis’
“Yo kiro-kiro limang kiloan”
“Lha sing putih?”
“Podho . . .”
Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae.
“Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu,
sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?”
“Ngene lho, sing putih iku wehusku…”
“Lha sing ireng ?”
“Podho . . .”

Mantan Supir

Mari jogo bengi Muntiyadi mulih numpak taksi.
Timbangane sepi, Muntiyadi njawil supir taksine kate ngejak ngobrol.
Pas dijawil dhadhak supir taksine kuaget setengah mati.
Saking kuagete, sikile langsung mancal gas, montore langsung mencelat katene nyosop warung.
Untunge, supire sik sempet ngincak rem, gak sidho nubruk.
Muntiyadi ambek supire podho pucete gak isok ambekan.
Pas wis tenang, Muntiyadi njaluk sepuro ambek takon nang supire opo’o dijawil ae kok kuaget.
Jare supire “Ngene lho cak, aku sik tas pertama kali iki nyupir taksi, lha sampeyan iku yo penumpangku sing pertama pisan.”
Muntiyadi bingung “Lho mbiyen sampeyan kerjone opo, kok isok sampek kagetan koyok ngene ?”
“Aku mbiyen yo nyupir pisan” jare supir taksine.
“Supir praoto tah ?” takok Muntiyadi.
“Ora, biyen aku supir montor jenasah …” jare supir taksine.
Ono Lobang

Sakri ambek Nasip mlaku budhal mancing. Moro-moro Nasip ndhelok onok lobang guedhe.
“Eh ayok dites jerune sak piro se lobang iki” jare Nasip.
Sakri njupuk watu kali terus diuncalno ndhik lobang mau.
Sui gak onok suorone blas…
“Whuik jerune…,” jare Sakri
“Watune kurang gedhe be’e, cobak kelopo” jare Nasip.
Sakri njupuk kelopo terus diuncalno maneh ndhik lobang.
Sepiii gak onok suorone….
“Whuik jerune…,” jare Sakri
“Sik golek sing luwih gedhe maneh,” jare Nasip.
Mari golek-golek, arek loro iku akhire nemu beton bekas bantalane rel sepur.
Berhubung abhot, betone digotong wong loro terus disurung mlebu lobang.
Tapi yo ngono, suiii gak onok suorone…
“Cik jerune lobang iki..” jare Sakri
Moro-moro seko semak-semak, onok wedhus mlayu katene nubruk arek loro.
Selamete arek loro iku isok ngelesi, tapi sakno wedhuse sing kecemplung lobang.
Kagete jik durung ilang, moro-moro onok Wak Dri nggowo arit takok nang arek Loro iku.
“He rek, kon ndhelok sing nyolong wedhusku tah ? Tak bacoke wonge !!!”, takok Wak Dri.
“Wah gak ngerti Wak Dri, cumak sik tas ae onok wedhus kecemplung lobang iku” jare Nasip.
“Oo gak mungkin.. dhudhuk wedhusku lek sing iku, wedhusku mau tak cancang ndhik betone rel sepur “

Tentang BroFahroe
Aremania - RF Engineer - ScorpioZ Rider - Canon 450D User

33 Responses to Guyonan Jowo – obat loro untu

  1. sebagai masyarakat dari negara yang besar (Indonesia) kita harus bersatu dengan berbagi ilmu melalui berbagai media seperti site, blog atau website dan media sosial. Atas semua informasi yang dibagikan saya ucapkan terima kasih. http://goo.gl/etyizw

  2. Dengan mengisi kolom komentar ini, berarti kita sudah memberikan kontribusi terhadap perkembangan dari situs ini. Maju terus ya situsnya. http://goo.gl/NbplU2

  3. Jadilah pengunjung yang baik, dengan meninggalkan komentar dan ucapan terimakasih sebagai imbalan untuk mendukung setiap situs/blog agar lebih maju. http://goo.gl/NZOC4m

  4. Permisi Admin, numpang baca-baca artikelnya ya dan sekalian ikut berpartisipasi mengisi kolom komentar. http://goo.gl/kEqbXr

  5. Berselancar mengarungi dunia maya, berburu informasi ataupun berita. Disinilah aku berhenti karena semua kudapati. Tulisan ini, adalah apresiasi dari saya. Terima kasih untuk semua, berita dan cerita, sukses untuk anda. http://goo.gl/wwIFfr

  6. Detak Mama says:

    “Sing ireng opo sing putih mas?” Heheee, si mbah lucu yo mas…

Berikan Komentar :

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.